ATUR PAMBAGYO HARJO
Ingkang kinabekten sagung sepuh, pinisepuh
Ingkang kinormatan sagunging tamu sinedahan ingkang kula hurmati
Assallamu' Alaikum Wr. Wb.
Keparenga paring palilah kula semela atur sawatawis, nuhoni
pamundutipun ............., pinangka sulih sariro, talanging atur wonten
ngarsa anjengan.
Pinangka purwakaning atur : sumangga kula derek aken ngunjukaken , puja-puji
syukur wonten ngarsanipun Gusti ingkang Murbeng gesang, ingkang sampun peparing
barokah, rahmad saha barokah dumateng kita sami ing kalenggahan ing siang punika.
Menggah atur saking panjenganipun Ibu Hartanta;
Sepisan:
............. ngaturaken kawilujengan menggah karawuhan sanggyaning
tamu sinedahan ikang kinormatan, ingkang sampun kepareng nglonggaraken
panggalih bucal wedal nuhoni panyuwunipun .................. .
Mugi karawuhan panjenengan tansah winantu ing karaharjan, saha tansah pinayungan Gusti ingkang maha kuwaos.
Ongka kalih ;
.................. ing titi kalenggahan siang punika nuhoni jejibahan tyang asepuh, hamisuda,
Putra miwaha siwi ngunduh penganten sarimbit ……………..pikantuk putra
Siwinipun ………….ingakang pidalem ing ............... .
Menggah ijab kobul saha pawiwahan sampun kalampahan dinten Jumat ............. Surya ................... wonten .................
Inggih awit saking pujo- puji , pangestu, saha pandongga ,saking
sesepuh, pinisepuh, saha sangyaning tamu sinedahan ijab Kabul sampun
kalampahan nir ing sambi kala.
................... nyuwun gungan kepareng sagung tamu ingkang kinormatan
kepareng paringbekahp pangestu dumateng temanten sarimbit mugi
anggenipun ngayahi jejibahan gesang bebrayan inggal tansah pikantuk
pinayungan Gusti Ingkang Maha Agung, sedaya ingkang ginayuh sageda
jumbuh, ingkang dipun jongka tansah sumadya. Tinebihno ing godha
rencana , cinelakno ing suka rena, Nir baya nir ing sangsaya..
Ongka tiga
.................. ngaturaken, agenging panuwun ikang tanpa pipindan,
menggah sedaya kadarman panjenengan ingkang arupi punopa kewawan,
ingkang sedya kala wau dadosaken birawaning panggalih, saha dadosaken
lancer, rancak, sumaraking pahargyan ing siang punika.
Ewa semanten Ibu Hartantoanta boten saget atur pinwales
punapa-punapa, hamung nyuwun dumateng ngarsaningGusti, mugi sedaya
peparing panjengan ingakang arupi punapa kemawon,kanthi iklasing
panggalih pikantuk lelintu ingkang matikel-tikel, saha dadosaken
kuncaraning asma panjengan.
Atur sak lajengipun. .................. anggenipun kagungan kersa
ngunduh penganten, sampun krancang, karacik, saha katiti, kanthi
permati,ewa semanten tasih kathah kekiranganipun. Langkung-langkung
angenipun hanampi krawuhan panjenengan,anggenioun buja krami, kirang
trasilal saha kirang subosita.
Mila awit saking punika mawantu-wantu nyuwung gungan dumateng
sanghyaning tamu sinedahan kepareng paring agunging pangak sami ingkang
linangkung.
............... ugi nyuwung gungan dumateng sagung tamu sinedahan
ingkang kinurmatan, kepareng, lelenggahan ngantos dumugi purnaning
pahargyan.
Pinangka pepet-pepuntoning atur, bok bilih anggenkula matur wonten
ngarsa panjengan kirang suba sito, kiranging trapsila, wonten galap
gangsuling atur kepareng pareng siha samodra pangaksami.
Ing wasana mugi rahayu inga pinanggih,
akhirul kalam Wassalam'alaikum Wr. Wb.