ATUR PAMBAGYO HARJO


Ingkang  kinabekten sagung sepuh, pinisepuh
Ingkang  kinormatan sagunging tamu sinedahan ingkang kula hurmati
Assallamu'  Alaikum Wr. Wb.
Keparenga   paring palilah  kula semela atur  sawatawis,  nuhoni pamundutipun ............., pinangka sulih sariro, talanging atur wonten ngarsa anjengan.
Pinangka  purwakaning atur : sumangga kula derek aken ngunjukaken , puja-puji
syukur  wonten ngarsanipun Gusti ingkang Murbeng gesang, ingkang sampun  peparing
barokah, rahmad saha barokah dumateng kita sami ing kalenggahan ing siang punika.
Menggah  atur saking panjenganipun Ibu Hartanta;
Sepisan:
.............  ngaturaken  kawilujengan menggah karawuhan sanggyaning tamu sinedahan ikang kinormatan, ingkang sampun kepareng nglonggaraken panggalih bucal   wedal  nuhoni panyuwunipun .................. .
Mugi karawuhan  panjenengan  tansah winantu ing karaharjan, saha tansah pinayungan Gusti ingkang maha kuwaos.
Ongka kalih ;
.................. ing titi kalenggahan siang punika nuhoni jejibahan tyang asepuh, hamisuda,
Putra  miwaha siwi  ngunduh penganten sarimbit  ……………..pikantuk putra
Siwinipun ………….ingakang pidalem ing ............... .
Menggah ijab kobul saha pawiwahan  sampun kalampahan dinten Jumat ............. Surya ................... wonten  .................
Inggih awit  saking pujo- puji  , pangestu, saha pandongga ,saking  sesepuh, pinisepuh, saha sangyaning tamu sinedahan ijab Kabul sampun kalampahan  nir ing sambi kala.
................... nyuwun gungan kepareng sagung tamu ingkang kinormatan kepareng paringbekahp pangestu dumateng temanten sarimbit mugi anggenipun ngayahi jejibahan gesang bebrayan inggal tansah pikantuk pinayungan Gusti Ingkang Maha Agung, sedaya ingkang ginayuh sageda jumbuh, ingkang dipun jongka tansah  sumadya. Tinebihno ing  godha rencana , cinelakno ing suka rena, Nir baya nir ing sangsaya..
Ongka tiga
.................. ngaturaken,  agenging panuwun ikang tanpa pipindan, menggah sedaya kadarman  panjenengan ingkang arupi punopa kewawan, ingkang sedya kala wau dadosaken birawaning panggalih, saha  dadosaken  lancer,  rancak, sumaraking  pahargyan ing siang  punika.
Ewa semanten  Ibu  Hartantoanta boten saget atur pinwales  punapa-punapa, hamung nyuwun dumateng ngarsaningGusti, mugi sedaya peparing panjengan ingakang arupi punapa kemawon,kanthi iklasing panggalih  pikantuk lelintu ingkang matikel-tikel, saha dadosaken kuncaraning asma panjengan.
Atur sak lajengipun. ..................  anggenipun kagungan kersa  ngunduh penganten,  sampun krancang, karacik, saha katiti, kanthi permati,ewa semanten  tasih kathah kekiranganipun. Langkung-langkung angenipun hanampi krawuhan panjenengan,anggenioun buja krami, kirang trasilal saha kirang subosita.
Mila awit saking punika mawantu-wantu nyuwung  gungan dumateng sanghyaning tamu sinedahan  kepareng paring agunging pangak sami ingkang linangkung.
...............  ugi nyuwung gungan   dumateng  sagung tamu sinedahan ingkang kinurmatan, kepareng, lelenggahan ngantos dumugi purnaning pahargyan.
Pinangka pepet-pepuntoning atur, bok bilih anggenkula matur  wonten ngarsa panjengan kirang suba sito, kiranging trapsila,  wonten galap gangsuling atur kepareng pareng siha samodra pangaksami.
Ing wasana mugi rahayu inga  pinanggih,
akhirul kalam Wassalam'alaikum Wr. Wb.

Posting Lama

Diberdayakan oleh Blogger.